Selasa, 03 Januari 2012



Nglakoni Tugas
Dening Nurarifah Amalian Sari
Jam 6 esuk, “Min, wis rampung durung nyapune?”, takone ibune Mina.
 “Dereng bu, lha enten nopo ta bu?”,wangsulane Mina marang ibune. Ibune Mina ora jawab pitakone Mina. Sakrampunge nyapu, Mina banjur moro menyang ibune, “Lha enten nopo ta bu? Kok esuk-esuk ibu karo bapak wis rapih kaya ngeten. Ajeng tindak teng pundi?” Ibu mesem lan langsung menehi tas kresek lan duwit nyang Mina. “Lah dingge nopo bu?” Mina ora ngerti karo maksute ibune. “Gek kono menyang pasar tuku lawuh dienggo sarapan. Ibu karo bapak arak lungo jagong neng Bantul, mengko kowe jaga omah. Masmu sedela meneh gek teko saka Jogja.”
          Jam enem luwih telung puluh esuk, ibu lan bapak menyang Bantul rombongan nganggo anak bis. Mina langsung menyang pasar nganggo pit. Neng pasar, Mina tuku lotek lan kicikan.
Bali seko pasar Mina ketemu karo kancane, Tari. Tari ngajak Mina dolan.
“Min, ayo dolan neng ngomahku. Aku duwe kaset filem anyar, Harry Potter ke-7 sing bagian ke- 2. Engko Tika, Ririn, karo Puput arak neng omahku nonton fileme bareng-bareng. Gek kowe mengko yo neng nggonaku lho, ben tambah gayeng.”, kandhane Tari.
“Jam piro?”, takone Mina.
“Sedela engkas, saiki aku arak ngampiri Ririn.”, wangsulane Tari.
”Aku ora iso melu, mengko ngomahku ora eneng sing nunggu.”, kandhane Mina.
“Dikunci wae, gampang. Nak ora melu ki eman-eman lho?”, Tari mbujuk Mina.
Mina ora njawab omongane Tari,
“Yo uwis nak ngono. Aku tak ndelok karo kanca-kanca liyane wae.”, omonge Tari karo rodo nesu.
 Mina ora ngomong opo-opo meneh. Sakjane Mina pingin melu. Mina seneng banget karo filem Harry Potter. Nanging Mina dipasrahi kon njaga omah. Dadine Mina bali neng omah karo nggowo blanjane. Neng dalan, Mina mbayangke penake nduwe kaset film Harry Potter dewe. Iso nonton sak mareme. Mina pingin banget kaset Harry Potter koyo nggone Tari. Amarga kaset iku bagian keri dhewe Nanging duwite Mina ora cukup dinggo tuku kaset.Mina gur iso ndonga lan mbayangke.
Tekan ngomah, Mina langsung sarapan nganggo lotek. Kicikane disisakke nggo mas se. Sakwise sarapan, Mina krungu suara motor mandeg ing ngarep omahe. Banjur Mina mlayu lan ngindik saka jendela. Jebulane mase mas Agus uwis teko saka Jogja. Mina mbukak lawang lan langsung nyalami mas se.
          “Lha neng ngendi bapak karo ibu dek?”, takok Mas Agus. “Lunga jagong neng Bantul mas.”, wangsul Mina karo mlaku neng pawon. Mas Agus mbukak tase lan ngetokke kresek putih. “Iki mas tehe gek diombe.”, omong Mina karo nyelehke teh neng meja. “Yo, gek iki dinggo kowe.”, wangsul Mas Agus karo ngenehke kresek putih mau nyang Mina.
          “Iki apa ta mas?”, takone Mina bingung.
          “Yo gek ditonton wae isine.”, Mas Agus mangsuli.
          Banjur Mina nonton isi tas kresekke. Isine dvd kaset Harry Potter and the deathly hallows part 2 alias Harry Potter ke-7 bagian ke-2 podho koyo nggone Tari.
          “Maturnuwun mas, maturnuwun…”, kandhane Mina karo jingkrak-jingkrak.
Mas Agus ngguyu ndelok polah adik’e, “Kuwi dinggo hadiah juaramu wingi. Sinaune sing luwih disregepke meneh.”, wangsulane Mas Agus marang Mina.
“Nggih mas, nggih. Maturnuwun lho mas.”, kandhane Mina meneh.
          Mina banjur mlaku menyang pawon njupukke kicikan dinggo mase, “Niki mas, mau aku lunga neng pasar. Ibu ndawuhi aku tuku kicikan nggo mas.”
          “O yo. Maturnuwun lho dek.”
          “Sami-sami mas..”, wangsul Mina karo mlayu menyang kamare.
          Neng kamar, Mina ngucap syukur marang Gusti Allah marga dongane bisa dadi nyata. Mina dadi ngerti nalika awake dhewe bisa nggarap tugas kang kita gadhahi iku kanthi tenanan lan ora gemrungsung maka kita bisa entuk ganjaran seko nggarap tugas iku.

0 komentar:

Posting Komentar